Minggu, 06 Maret 2016

IBU

Ora ana kluwung ing mripatmu
senyummu uga dudu cahyaning rembulan
Pasuryanmu ora ayu kaya nawang wulan
Utawa Dewi-dewi ing Kayangan

Aku ora tau ngomong tresna
Aku ora tau ngomong nuwun
Nanging atiku ngerti sapa sing utama
Nanging atiku lara ngerti sliramu muwun

Ibu
Ibu
Ibu..

Tresnamu tresna kang laras
Asihmu ora tau tatas
Sanajan kerep atimu nangis
Amarga wicaraku sing kerep bengis

Tidak ada komentar:

Posting Komentar